Blogger news

Asal Usul Desa “Kampung Baru” Kab. Blitar

ADSENSE HERE!
Pancen ora mesthi saben wong sing manggen ono wilayah Kabpaten Blitar ngerti karo desa sing diarani desa Kampung Baru, kejaba wong sing uripe cedhak karo kutho sing diarani kutho Wlingi. Desa Kampung Baru iku cedhak saka panggonan terkenal ning Wlingi, kayata Lapangan Kenongo lan Samsat. Kampung Baru iku manggon ing kelurahan Beru, Kecamatan Wlingi, Kabupaten Blitar, Jawa Timur.
Opo sing dipikirne wong, yen krungu ukara “Kampung Baru” .. ? akeh sing langsung nyaut “Cedhake lapangan kenongo kui ye..?”, “Apa rak ya cedhak Samsat iku to..?”, uga ana sing ngomong “oh sanding stasiun Wlingi kui”. Tapi jarang lan meh ora ana wong sing langsung nyaut nganggo ukara sing njelasne sejarahe, kayata “Oalah, iku mbiyen amerga ngene-ngene ngono” lan sakmiturute. Ning kesempatan iki, aku bakal nyeritakne asal usule desa Kampung Baru sing ora akeh wong ngerti senajan wong sing wis suwi manggon ning Desa Kampung Baru iku dewe
Miturut salah sijining mantan Lurah Beru sing kenal raket karo aku, desa kampung Baru iku mbiyen asline alas tebu. Nalika jaman Londo (Belanda), mbiyen ning cedhake lapangan Kenongo iku ana pabrik gula gedhe, kira-kira pager SD Beru 1 lan pager Samsat iku mbiyen termasuk bekas bangunan pabrik gula kuwi lan lapangan kenongo iku mbiyen dadi panggonan parkire kereta tebu sing diarani “Lori”. Tebu sing digawe kanggo bahan gula iku dijupuk saka alas tebu sing ombo banget, ambane alas tebu iku wes ora iso diitung jan “ora memper”. Ambane alas tebu iku diitung saka Kampung Baru iku dewe, ditambah lingkungan Kenongo lan lingkungan kromasan, sampek teko desa Selopuro, kecamatan Selopuro.

Amarga ing jaman iku jamane perang kemerdekaan, pabrik gula sing tau dadi kebanggaan iku katut dadi korban perang, hla amarga perang iku mau pabrik gula kui ancur lan ora bisa operasi maneh, suwe tambah suwe, jumlah penduduk asli sing manggon wiwit jaman kerajaan sampek jaman penjajahan ning daerah iku mau tambah berkembang, alas tebu sing ombo banget iku, kelong sebagian amarga tanahe didadikake omah. Lan sak mlakune mangsa, daerah ning kono kuwi maeng dadi Kampung (panggonan pirang-pirangane kelompok penduduk) Baru (sing sakdurunge dadi bagian saka alas tebu, dadi panggonan Baru/ anyar sing jiktas kebentuk/ jiktas dipanggoni dening penduduk).
ADSENSE HERE!

2 comments:

  1. Bosan tidak tahu mau mengerjakan apa pada saat santai, ayo segera uji keberuntungan kalian
    hanya di D*EW*A*P*K / pin bb D87604A1
    dengan hanya minimal deposit 10.000 kalian bisa memenangkan uang jutaan rupiah
    dapatkan juga bonus rollingan 0.3% dan refferal 10% :)

    ReplyDelete
  2. ingin mendapatkan uang banyak dengan cara cepat ayo segera bergabung dengan kami di f4n5p0k3r
    Promo Fans**poker saat ini :
    - Bonus Freechips 5.000 - 10.000 setiap hari (1 hari dibagikan 1 kali) hanya dengan minimal deposit 50.000 dan minimal deposit 100.000 ke atas
    - Bonus Cashback 0.5% dibagikan Setiap Senin
    - Bonus Referal 20% Seumur Hidup dibagikan Setiap Kamis
    Ayo di tunggu apa lagi Segera bergabung ya, di tunggu lo ^.^

    ReplyDelete

Copyright © Useful Blog. All rights reserved. Template by CB. Theme Framework: Responsive Design